Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setyo budya pangekesing dur angkara.

Tuladha Sesorah ing Adicara Halal Bi Halal

Artikel terkait : Tuladha Sesorah ing Adicara Halal Bi Halal


Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kinurmatan Ibu Dra. Budiastuti Sumaryanti minangka Pangarsa SMA Negeri 1 Purworejo
Ingkang kula kurmati Bapak/Ibu Guru saha Karyawan/Karyawati  SMA Negeri 1 Purworejo
Para kanca siswa ingkang kula tresnani
Langkung rumiyin mangga kita sesarengan ngaturken raos puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT. awit rahmat lan hidayahipun ingkang kaparingaken dhumateng kita, saengga kita sedaya saged pepanggihan wonten ing Masjid Bait Al-Hikmah SMA N 1 Purworejo kangge rawuh wonten adicara HALAL BI HALAL ing siang punika kanti sehat wal afiyat.
Kaping kalihipun mugi-mugi shalawat lan salam tansah konjuk dhumateng panjenenganipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad Saw. ingkang sampun mbeta kita saking zaman jahiliyah utawi zaman kegelapan dumateng zaman ingkang terang benderang  nggih punika agama Islam.
Bapak saha Ibu ingkang kula kurmati,
 Kula ngaturaken agunging panuwun dumateng para rawuh ingkang sampun kepareng anglonggaraken wekdal sakperlu ngrawuhi wonten ing adicara HALAL BI HALAL ing siang punika.
Ing wekdal punika saderengipun kula nglajengaken atur, langkung prayogi menawi kula ngaturaken Minal Aidzin wal faizin mohon maaf lahir dan batin. Sampun satunggal wulan kita umat Islam sami nindakaken ngibadah siam. Kita saged ngraosaken kados pundi raosipun mboten nedha saha ngunjuk sadangunipun satunggal dinten, saha saged nahan hawa nepsu. Pramila kita saged ngraosaken kados pundi raosipun tiyang-tiyang ingkang gesangipun tansah kekirangan. Pramila ing dinten ingkang fitri punika Allah paring dawuh dhumateng umatipun supados ngedalaken zakat fitrah kangge sederek-sederek kita ingkang kekirangan. Zakat fitrah ngresiki dosa kita tumraping umat ingkang mampu. Mugi-mugi Gusti Allah kepareng anampi amal ibadah punika, Amin….
Tembung Idhul Fitri punika saking tembung Idhul saha Fitri. Idhul punika wangsul, saha Fitri utawi Fitrah punika suci. Artosipun Idhul Fitri punika “wangsul suci”. maksudipun sakpurnaning siam satunggal wulan, minangka rukun Islam ingkang sedah dipun tindakaken, kita wangsul suci malih.
Kula minangka wakil saking kanca-kanca SMA N 1 Purworejo menawi kathah sanget tandang tanduk, solah tingkah, saha atur ingkang mboten ngremeni dhumateng Bapak saha Ibu Guru sedaya ingkang dipun sengaja punapa dene ingkang mboten dipun sengaja, kula nyuwun agunging pangapunten.
Mugi-mugi Gusti Allah kersa maringi ngapura dhumateng kula panjenengan sekaliyan, lumantar ing dinten ingkang fitri punika.
Ugi kula atas nami kanca-kanca nyuwun do’a saha pangestu mugi siswa-siswi SMA N 1 Purworejo saged dados Muda Ganesha ingkang sae ing pangajab saged migunani dhumateng diri pribadi khususipun, ugi dhumateng masyarakat,  lumeberipun Nusa bangsa lan Agami.

Ibu, Bapak, para rawuh ingkang kawula hormati,
Mekaten  ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenegan sedaya. Kula minangka wakil saking kanca-kanca SMA Negeri 1 Purworejo menawi kathah kekirangan saha kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi kita sedaya pinaringan berkah lan hidayah saking ngarsanipun Allah SWT.Amin Ya Rabbal’alamin..
Taqabalallahu minna wa mingkum, Jazakumullah khoiron katsiron, Bilahit taufiq wal hidayah,
Wasslamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Artikel Kumpulan Materi SMA Lainnya :

0 komentar:

Post a Comment

Copyright © Kumpulan Materi SMA By Asrofi Mursalin