Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setyo budya pangekesing dur angkara.

Analisis Unsur Instrinsik Crita Rakyat "DAMAR WULAN"

Artikel terkait : Analisis Unsur Instrinsik Crita Rakyat "DAMAR WULAN"




Damarwulan

Damarwulan putranipun Patih Udara ing Majapahit. Nglajengaken lair, ingkang rama lengser anggenipun jumeneng patih, nilar praja lajeng mratapa. Ingkang winisudha gumantos jumeneng patih rayinipun Patih Udara piyambak, jejuluk Rekyana Patih Logender. Wiwit alit Damarwulan dipun gulawentah ibu dalah eyangipun, Begawan Santanurti, wonten ing padhepokan Paluamba. Damarwulan dipun predi wekel ing padamelan, ngertos ing tata krami, bekti mbangun miturut dhateng tiyang sepuh, tresna asih dhateng sesami, sumungkem dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi, sarta dipun gregulang ing kawruh lair lan batin. Ngancik diwasa, ing satunggaling dinten Damarwulan matur dhateng ibu dalah eyangipun. Damarwulan nyuwun palilah badhe suwita dhateng kepatihan. Wigatospun, Damarwulan kepengin pados indhaking kawruh lan seserepanipun minangka sangu anggenipun badhe leladi dhateng nusa lan bangsanipun. Midhanget aturipun Damarwulan, ibu dalah eyangipun mongkog penggalihipun, serta sanget anayogyani. Keparengipun ibu dalah eyangipun, bidhalipun Damarwulan dipun dherekaken pamomonipun kekalih, Ki Lurah Sabdo Palon saha Ki Lurah Nayagenggon. Pamrihipun, samangsa Damarwulan nandang rubeda punapa dene kepengkok ing pancabaya, wonten rowanipun ingkang kengin dipun aja rerembagan.
            Sowanipun Damarwulan ing kepatihan dipun tampi ingkang paman, Rekyana Patih Logender. Damarwulan dipun paring padamelan dados juru jagi regol. Nanging, sareng ing satunggaling dinten pasulayan kaliyan putra kakungipun Sang Rekyana Patih, inggih punika Raden Layangseta saha Raden Layangkumitir, Damarwulan dipun kendeli. Minangka gantosipun, Damarwulan dipun dadosaken pekathik, juru ngopeni kapal, ngiras dados pengaritipun. Senajan awrat, padamelan punika dipun tampi saha dipun tindakaken kanthi narimah sala lila legawa.
            Kacariyos, kala semanten nagari Majapahit saweg nandhang ribed. Adipati ing Blambangan, Adipati Menakjingga, inggih Sang Prabu Urubisma mbalela. Para Senapati agung Majapahit Adipati Ranggalawe ing Tuban saha Adipati Sindurejo ing Daha, kekalihipun sami kapupu ing madyaning paprangan, kawon tandhing kaliyan Prabu Menakjingga. Wondene Adipati Menakkoncar ing Lumajang keplajeng, lajeng jinja boten wani mapagagen krodhanipun Sang Prabu Urubina.
            Nguningani risakipun wadyabala, Sang Prabu Kenya Dyah Ayu Kencanawungu sakalangkung sungkawa ing galih. Sang Prabu Kenya lajeng manjing ing salebeting sanggar pamujan, nuwun nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih, pinaringan sarana kangge mbengkas reretuning negari, pambelanipun Sang Prabu Menakjingga.
            Panyuwunanipun Sang Prabu katampi. Sang Dyah Ayu tampi wangsiting jawata linuhungingkang saged gentasi damel nyirep reretuning negari lare saking redim nama pun Damarwulan. Gita-gita, Sang Prabu Kenya Ayu Kencanawungu paring dhawuh dhateng Sang Rekyana Patih, kinen ngupadi lare ingkang kacetha ing salebeting wangsit. Pangandikanipun Sang Prabu Putri menawi ngantos boten pinanggih, Sang Adipati badhe pinaringan pidana ageng. Mireng dhawuh pangandikanipun Sang Prabu Kenya, manahipun Sang Rekyana Patih babar pisan boten ngadhep. Awit dhapur kaleresan, ing wekdal punika Damarwulan sampun suwita wonten kepatihan. Ringkesing cariyos, Damarwulan lajeng kasowanaken marak wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Kenya Ayu Kencanawungu.
            Terang trawaca dhawuh pangandikanipun Sang Prabu Putri, Damarwulan nyuwun pangestu lajeng bidhal. Lampahipun Damarwulan naming andherekaken abdi kekalih, boten aganthi widyabala prajurit ing Majapahit. Pamrihipun supados botan ngawistarani bilih badhe nglurug perang.
            Boten kacariyos reroncening lampah, ing wanci lingsir dalu, kanthi dhedhemitan Damarwulan wonten ing salebeting Tamansari Kadipaten Blambangan. Damarwulan kelampah saged aben ajeng kaliyan Sang Prabu Menakjingga. Damarwulan mretelaken wugatining lambah ndadosaken muntabipun Prabu Menakjingga. Damarwulan Sulayaning rembag nuwuhaken perang tandhing. Damarwulan kaseser. Kininten sampun dumigining palastra, Damarwulan dipun tilar, Prabu Menakjingga kondur manjing ing salebeting puri. Nugrahanipun Gusti Ingkang Maha Asih, sapengkeripun Sang Prabu Menakjingga, Damarwulan angsal pitulungan . Damarwulan saged ndustha pusaka gada wesi kuning. Andel-andelipun Sang Prabu Urubisma. Damarwulan lajeng nututi mlebet pasareanipun Prabu Menakjingga.
            Wuninga pusakanipun kacepeng ing mengsah, Prabu Menakjingga ngalumpruk tanpa daya, nyipta sampun badhe dumugi titiwancinipun pejah. Prabu Menakjingga karingkus, lajeng dipun prajaya. Mustakanipun dipun tgas, dipun sowanaken wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Kencanawungu. Sirep reretuning negari Majapahit, Sang Dyah Ayu Kencanawungu karenan ing galih. Minangka pepulih, Damarwulan kaparingan ganjaran, ngamping-ampingi Sang Prabu Kenya, ngembal panguwaosing negari.

Analisis Unsur Intrinsik :

a.       Tema
Tema crita Damarwulan inggih punika peperangan.
b.      Alur
Alur crita Damarwulan inggih punika alur maju.
c.       Paraga
Paraga Utama              : Damarwulan.
Paraga Mungsuh          : Adipati Menakjingga lan Sang Prabu Urubisma.
Paraga Tambahan        : Rekyana Patih Logender, Ki Lurah Sabdo Palon, Ki Lurah Nayagenggon, Raden Layangseta, Raden Layangkumitir, Sang Prabu Kenya Dyah Ayu Kencanawungu.
d.      Watak
Damarwulan                                       : Wicaksana, ksatria, bekti marang negari.
Adipati Menakjingga                          : Culika
Sang Prabu Urubisma                         : Ala, seneng mbrontak.
Adipati Menakjingga                          : Seneng nglawan, ala.
Rekyana Patih Logender                    : Ksatria.
Ki Lurah Nayagenggon                      : Ksatria
Raden Layangseta                              : Arif, wicaksana.
Raden Layangkumitir                         : Arif, wicaksana.
Prabu Dyah Ayu Kencanawungu        : Bebuden luhur, asih.
e.       Amanat
Amanat crita Damarwulan inggih punika watak adigang, adigung, lan adiguna bakal lebur dening watak kabecikan.
f.       Latar
Latar Papan                 : Negari Majapahit, Kepatihan, lan Blambangan.
Latar Wektu                : Nalika jaman kerajaan Majapahit,
Latar Suasana              : Suasana Perang.
g.      Sudut Pandang
Sudut pandang crita Damarwulan inggih punika sudut pandang orang ketiga serba tahu.


Artikel Kumpulan Materi SMA Lainnya :

2 komentar:

  1. http://taipannnewsss.blogspot.com/2018/02/single-zsaat-semua-sahabat-sudah.html
    http://taipannnewsss.blogspot.com/2018/02/4-trik-samarkan-mata-sembab-karena.html
    http://taipannnewsss.blogspot.com/2018/02/bumblebee-bakal-jadi-film-terakhir.html

    QQTAIPAN .ORG | QQTAIPAN .NET | TAIPANQQ .VEGAS
    -KARTU BOLEH BANDING, SERVICE JANGAN TANDING !-
    Jangan Menunda Kemenangan Bermain Anda ! Segera Daftarkan User ID nya & Mainkan Kartu Bagusnya.
    Dengan minimal Deposit hanya Rp 20.000,-
    1 user ID sudah bisa bermain 7 Permainan.
    • BandarQ
    • AduQ
    • Capsa
    • Domino99
    • Poker
    • Bandarpoker.
    • Sakong
    Kami juga akan memudahkan anda untuk pembuatan ID dengan registrasi secara gratis.
    Untuk proses DEPO & WITHDRAW langsung ditangani oleh
    customer service kami yang profesional dan ramah.
    NO SYSTEM ROBOT!!! 100 % PLAYER Vs PLAYER
    Anda Juga Dapat Memainkannya Via Android / IPhone / IPad
    Untuk info lebih jelas silahkan hubungi CS kami-Online 24jam !!
    • WA: +62 813 8217 0873
    • BB : D60E4A61
    • BB : 2B3D83BE
    Come & Join Us!

    ReplyDelete

Copyright © Kumpulan Materi SMA By Asrofi Mursalin