Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setyo budya pangekesing dur angkara.

Werdinipun, Jinising, lan Sangunipun Sesorah

Artikel terkait : Werdinipun, Jinising, lan Sangunipun Sesorah



Werdinipun Sesorah


          Wicara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medgarsabda yakuwi nglairke gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh ana sawijining patemon kang mirunggan. Tumindak wicara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak, kalebu owahing awak, praupan rai, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi pinandaking wicara sawenehing wong ora bisa lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula, sesorah kudu digladi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi sing wis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.
          Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, anganging beda jejibahane. Bisa trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau, sinau, lan seneng gladhen. 

Jinising Sesorah

  1. a.       Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
    Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu anyarasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajroning cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocah-bocah sing nembe ajar pidhato.
  2. a.       Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip
    Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tujuan sakawit, ora kliru lan wektu kang winadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara saresehan utawa temu wicara.
  3. a.       Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu
    Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.
  4. a.       Sesorah kanthi cara ekstemporan
    Sesorah cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan cilik minangka gaman utawa pengeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake deningdwija kang arep mulang ana ing sangareping muride.
Sangunipun Sesorah
  1. a.       Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
    Juru pamedhar sabda kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta wani caos tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan kuwi kudune nduweni dhasar utawa landhesan ora amung waton ngomong. Mula kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.
  2. a.       Nduwei rasa wani
    Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga kalah prabawa karo pawongan sing diadhepi. Apa maneh yen diadhepi kuwi nduweni prabawa lan kepinteran kang luwih.
  3. a.       Patrap utawa sikep
    Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tangguh, mantep, luwes, pantes, wibawa, ora ingah-ingih, apa maneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan kepara lendhetan cagak. Perlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana sajroning ngayahi wajib utawa jejibahan uga dadi pasugatan mungguhing para tamu. Ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan gumantung uga saka paraga kasebut.
    Mula kuwi, kudu nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah bawa, tindak-tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning pasuryan katon sumringah anengsemake amarga swasanane nyenengake.
  4. a.       Busana lan ngadi sarira
    Tegese nalika nindakake ayahan kuwi busana utawa ageman lan ngadi sarira kudu diselarasake kahanan.
  5. a.       Basa lan sastra
    Basa minangka piranti utawa sarana pasrawungan, sesambungan utawa lung-tinampa karo para tamu utawa sing wis ngrungoake, mula saka kuwi basana ora basa ndakik-ndakik sing ora dimangerteni dening sing ngrungokake, ananging basa sing gampang dimangerteni wong akeh. Dene basa sing trep uga basa sing bener manut tuntunaning parama-sastra.

          Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ujara (intonasi) kang cetha, kendho-kenceng, endhek-dhuwur, cepet rindhik lan sakpanunggalane. Ringkesing basa kudu sinh komunikatif, tegese kudu ngilingi :
  1. Sapa sing diajak guneman
  2. Sapa sing ngajak guneman
  3. Apa sing diomongake
  4. Swasananingnalikaning guneman
  5. Padha mangerteni sing diomongake
Kapethik saka LKS Bahasa Jawa Kelas XII - Smt.1 kaca 3-4

Artikel Kumpulan Materi SMA Lainnya :

0 komentar:

Post a Comment

Copyright © Kumpulan Materi SMA By Asrofi Mursalin