Crita Rakyat Rawa Pening
Ing
redi merbabu wonten wanita tapa gadhah anak salah kedadosan, dados sawer, sawer
wau saya dangu saya ageng. Nuju satunggaling dinten sawer murugi pratapanipun
Sang Pandhita ngaken bilih piyambakipun putranipun Sang Pandhita. Sang Pandhita kaget, wusananipun
wicanten mekanten, “Eh ula, teka elok temen kowe ngaku anaking manungsa,
ewosemono aku gelem ngaku kowe dadi anaku nanging kowe kudu gelem tapa
nglungkeri gunung Merbabu bisa temu gelang, yen kowe bisa nyakepi gunung iki,
kowe dakaku anak tenan.
Kacariyos
sawer wau lajeng tapa nglungkeri gunung Merbabu, saking dangunipun anggenipun
tapa, badanipun ngantos dipun rambati oyot-oyot, sareng pethithing badhe kacobi
kagathukaken kaliyan endase, taksih cupet, ilatipun lajeng dipuneletaken,
supados saged gathuk kaliyan buntut, wusana Sang Ajar sumerep, ilatipun
dipuntigas (dikethok), kethokanipun ilat wau dados tosan, nunten kadamel waos
Ki Ajar. Sawer wau boten pejah, badanipun saya dangu boten ketawis saking
kathahing rerungkudan.
Nuju
satunggaling dinten tetiyang dudu sami pados bebujengan wana, nalika sami ngaso
linggih ing wit ageng wonten satunggaling tiyang ingkang bacok-bacok
kalandhesan ing wit-witan wau, ndadosaken kagetipun dene wit-wit wau medal
rahipun. Kancanipun sedaya ingkang sami ningali, serta gadhah panginten menawi
ingkang medal rahipun menika uling ingkang sakalangkung ageng. Tinimbang boten
angsal bebujengan wana, uling-uling ingih lumayan, nunten dipunpurak, ulamipun
kabekta mantuk dhateng dusun kepasrahaken ing kelurahan.
Ejingipun
ing kelurahan, kathah tiyang estri ingkang sami olah-olah, sebab sontenipun
badhe wilujengan metri dusun. Sukmanipun sawer wau mendha-mendha lare jaler
dumugi dhateng kelurahan nyuwun tedhan sekul ulam, nanging boten wonten ingkang
maringi, wonten setunggal nini-nini ingkang kagungan raos welas dhateng lare
wau, pramila lare lajeng dipunparingi tedhan, sesampunipun nedha lare lajeng
weling marang nini-nini, welingipun mekanten, “Embah menawi mangke wonten
banjir, embah supados sedhiya lesung kaliyan enthong, lesungipun dipunangge
prau, enthongipun dipunagge melahi.
Lare
wau sareng nedhi tuwuk, lajeng nancebaken sada ing latar, ing ngriku kathah
lare ingkang ningali, lare ingkang gadhah sada wicanten mekanten, “Ayo sapa
bisa mbedhol sadaku iki,” kathah lare ingkang nyobi mbedhol genthos-genthos,
nanging boten wonten ingkang kumawi mbedhol. Tiyang-tiyang ing padhapi sareng
mireng lare-lare gumujeng ger-geran lajeng sami medal, wusana tiyang –tiyang
wau sami tumot nyobi mbedhol, nanging inggih boten wonten ingkang kumawi. Lare
ingkang gadhah sada lajeng majeng sarwi wicanten, “Yen boten wonten ingkang
saged mbedhol sada, pundi kula bedhole piyambak.”
Sareng
sada kabedhol, tebetipun medal toya. Toya wau gumrojog, saya dangu saya kathah,
dangu-dangu lajeng banjir. Tiyang sedusun pating jlerit boten kantenan
solahipun, wusana sami pejah kebanjiran, nanging tiyang estri nini-nini wau
wilujeng piyambak, amargi numpak lesung. Sada wau nalika dipunbedhol katutan
siti, sitinipun dipunlencungaken lajeng dhawah ing eliripun gunung Telamaya,
siti wau dados redi alit nama Kandalisada. Panggenan ingkang kebanjiran wau
ngantos sapriki taksih dados rawa ingkang nama “Rawa Pening”, inggih menika
tukipun
0 komentar:
Post a Comment